Senin, 22 Agustus 2016

Unen-unen Jawa

A.  UNEN-UNEN JAWA
 
Masyarakat Jawa kuwi isih ngugemi apa sing dadi pangandikane wong tuwa ing jaman dhisik. Ukara-ukara kang diugemi mau lumrah diarani unen-unen. Sajrone unen-unen mau ngemu piwulang kautaman sing bisa dituladha lan ditindakake kanggo nata kauripan. Anggone nata kauripane, masyarakat Jawa ora uwal saka unen-unen sing maune diwulangake nalika isih cilik. Saengga unen-unen mau wis rumasuk ing jero ati lan didadekake pangeling-eling kanggo urip tumuju kebecikan lan katentreman.
Unen-unen kang lelandhesan tumindake wong Jawa wis diuji lan dibuktekake dening masyarakat. Sapa bae sing nindakake piwulang kasebut bakale urip tenang, ayem tentrem karta raharja. Ukurane urip tenang, ayem tentrem karta raharja ora bisa diukur karo banda donya utawa kasugihan, nanging diukur saka rasa lan olahing rasa (Thomas Wiyasa Bratawijaya, 1997: 76).
Russel (sajrone James Danandjaya, 1989: 28) uga ngandharake yen unen-unen yaiku kawicaksanane manungsa sing winasis. Unen-unen Jawa ngemu surasa lan teges minangka wawasaning ngaurip lan olah pikire masyarakat Jawa. Unen-unen Jawa ngemu nilai-nilai pendhidhikan, kayata nilai pendhidhikan marang Gusti, kamanungsan, persatuan, lan budi pakarti.
Piwulang budi pakarti iki adhedhasar wawasaning ngaurip wong Jawa. Wawasaning ngaurip wong Jawa bisa dideleng saka adat-istiadat utawa tradisi, agama, kapitayan, lan kabudayan. Wawasaning ngaurip iku sejatine mentingake ayem lan tentreme urip saka pribadhi, marang liyan, alam, lan marang Gusti. Tumindak sing kaya mangkono iku wis diatur sajrone jinis-jinis pelaturan kayata paugeran-paugeran, etika Jawa (tata krama) sing ngatur kaslarasan ing masyarakat, pelaturan ngibadah sing ngatur sesambungane karo Gusti, lan kaidah-kaidah moral sing mentingake tumindak moral (Wisnu Minsarwati, 2002: 5).
Piwulang moral lan budi pakarti sajrone unen-unen piguna banget tumrap masyarakat. Masyarakat bisa ngecakake utawa nindakake piwulang budi pakarti mau kanthi bener lan pener, amarga yen ndeleng kahanan masyarakat saiki akeh sing padha nglirwakake babagan moral. Utamane nglanggar tumrap norma-norma susila lan agama wis dadi pakulinan ing masyarakat. Tuladhane tawuran, rebut jabatan, slingkuh, paten-patenan, seks bebas, korupsi, kolusi, lan nepotisme. Tumindak-tumindak kuwi nuduhake yen moral masyarakat wis rusak. Luwih eman meneh yen para generasi mudha mengko uga manut nglakoni tumindak-tumindak sing ngrusak moral bangsa lan negara. Mula, supaya generasi mudha ora kajrumus marang tumindak ala, unen-unen kang wis diwulangake para leluhur biyen perlu digunakake minangka piwulang lan piweling kautaman.

B.  JINIS-JINISE UNEN-UNEN JAWA
Jinis-jinise unen-unen Jawa  ing antarane paribasan, bebasan, saloka, lan isbat.
1.    Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen gumathok kang ajeg panganggone, ngemu teges wantah dudu pepindhan. Tuladhane: adigang, adigung, adiguna, becik ketitik ala ketara, ana catur mungkur, lsp.

2.    Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen gumathok kang ajeg panganggone, ngemu pepindhan sing nggunakake tetembungan kewan, tetuwuhan, dewa, lan piranti-piranti liyane.  Tuladhane: asu rebutan balung, ula nantang gebug, bebek mungsuh mliwis, cecak nguntal cagak, lsp.
3.    Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang ngemu teges pepindhan, tembung pepindhane tumrap manungsa. Tuladhane: anak polah bapa kepradah, dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan, lsp.

4.    Isbat
Isbat yaiku unen-unen kang ngemu teges pepindhan babagan ngelmu gaib, kebatinan, lan kasampurnaning pati. Tuladhane: ngangsu apikulan warih, golekana galihing kangkung, kodok ngemuli lenge, lsp.
 
 A.  UNEN-UNEN KANG DIGUNAKAKE MASYARAKAT

A.1. PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen gumathok kang ajeg panganggone, ngemu teges wantah dudu pepindhan. Tuladhane: adigang, adigung, adiguna, becik ketitik ala ketara, ana catur mungkur, lsp. Unen-unen wujud paribasan sing kulina digunakake masyarakat yaiku:
1.    Adigang, adigung, adiguna
Adigang tegese kekuwatan, adigung tegese gedhe, lan adiguna tegese kapinteran. Yen rumangsa linuwih aja ngandelake kaluwihane dhewe. Sejatine sipat manungsa ora bisa uwal saka adigang, adigung, adiguna. Lumrahe wong kang duweni sipat kaya mangkono sok ngasorake liyan.

2.    Aja dumeh
Dumeh tegese kerana utawa amarga. Manungsa yen diwenehi rejeki sing luwih akeh kadang kala ndadekake gumedhe. Upamane dumeh duwe jabatan banjur ngagungake jabatan utawa kalungguhane lan sewenang-wenang marang liyan. Tuladha liyane, dumeh wong sugih banjur ngenyek sing mlarat, dumeh wong pinter ngenyek sing bodho, dumeh gagah utawa ayu ngenyek sing elek rupane. Sejatine ing ngarsane Gusti kabeh manungsa utawa barang iku ora ana bedane, sing mbedakake mung iman lan taqwane marang Gusti.

3.    Aja golek wah, mengko dadi owah
Aja golek wah, mengko dadi owah ngemu teges aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golek pangaleman. Tumindak mangkono iku bisa njalari pikirane manungsa dadi owah utawa edan. Manungsa duweni sipat pamer lan kepengin digatekake. Mula sipat wah kudu disingkirake.

4.    Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana
Ajining dhiri tegese kakurmatan wong iku diajeni saka tutur pangucape. Banjur aji raga utawa awak dumunung ana ing sandhangan kang dianggo. Sandhangan sing dianggo ora kudu larang, nanging sopan lan ora saru yen disawang.


5.    Alon-alon waton kelakon
Alon-alon tegese rindhik utawa ora banter, kelakon tegese kaleksanan gegayuhane. Sajrone urip bebrayan yen tumindak iku ora usah kesusu. Saupama nglakokake barang iku bisa ditindakake alon-alon, angger kelakon. Nanging yen kesusu malah ora kasembadan gegayuhan/ panggonan kang dituju.

6.    Ana catur mungkur
Tembung catur omongan utawa pirembugan, mungkur tegese nyingkiri. Ana catur mungkur tegese ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik. Caturan sing dikarepake yaiku caturan kang ora becik, tuladhane: ngrasani liyan.

7.    Ana rega ana rupa
Unen-unen ana rega ana rupa ngemu teges barang kang rupa utawa wujude apik mula regane larang.

8.    Becik ketitik ala ketara
Becik tegese apik, ketitik tegese katon, ala tegese elek, lan ketara tegese katon cetha. Ana ing urip bebrayan manungsa kuwi kudu bisa milih endi sing apik lan endi sing ala. Paribasan iki uga asring dienggo kanggo ngelingake supaya ora susah was sumelang yen tumindak bener, amarga ala-becike bakal dimangerteni utawa katon. Mula wong sing tumindake apik bakale katon, dene tumindak ala bakale konangan lan alane katon cetha.

9.    Busuk ketekuk, pinter keblinger
Unen-unen busuk ketekuk pinter keblinger ngemu teges wong sing bodho lan sing pinter padha-padha nemu cilaka.

10.    Durung pecus keselak besus
Pecus tegese bisa, keselak tegese grusa-grusu, besus tegese pepenginan. Durung pecus keselak besus ngemu teges wong kang nindakake panggaweyan sing durung kasembadan nanging wis kepingin sing ora-ora.

11.    Eman-eman ora keduman
 Wong kang duwe niyat ngeman-eman barang nanging malah ora keduman/ kebagiyan dhewe.

12.    Emban cindhe emban siladan
Cindhe tegese slendhang utawa iratan pring. Manungsa ana kalane duwe sipat emban cindhe emban siladan sing tegese wong kang seneng pilih kasih utawa ora adil.
13.    Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh
          Unen-unen gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh ngemu teges senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane.

14.    Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani
Unen-unen iki diripta dening Ki Hajar Dewantara, ora liya ya pahlawan pendhidhikan nasional. Ukara ing ngarsa sung tuladha menawa dionceki siji baka siji, ngarsa tegese ngarep, sung tegese aweh, tuladha tegese conto. Unen-unen iki ngemu teges, pemimpin neng ngarep kudu bisa menehi tuladha utawa conto sing becik. Dene ing madya mangun karsa ngemu teges ing tengah-tengah kudu duweni pangangenan-angen utawa gegayuhan kang becik. Unen-unen tut wuri handayani ngemu teges ing buri pemimpin kudu bisa menehi kekuwatan lan motivasi marang andhahane.

15.    Jalma angkara mati murka
          Manungsa kang duweni sipat angkara murka diparibasanke jalma angkara mati murka sing ngemu teges manungsa kang cilaka jalaran tumindak ala utawa angkara murka.

16.    Jalma limpat seprapat tamat
          Limpat tegese pinter. Unen-unen iki gathuk menawa diparibasanke kanggo wong kang wasis utawa pinter. Jalma limpat seprapat tamat ngemu teges manungsa kang pinter cepet tanggap lan rikat anggone ngrampungake pakaryan.

17.    (n) Jalukan ora wewehan
          Unen-unen njalukan ora wewehan ngemu teges wong sing seneng njaluk nanging ora gelem menehi.

18.    Jer basuki mawa bea
          Unen-unen jer basuki mawa bea ngemu teges samubarang gegayuhan iku sarwa mbutuhake wragat. Unen-unen iki uga ngemu teges manungsa sing kepengin urip mulya, kudu ngetokake wragat.

19.    Kalah cacak menang cacak
          Unen-unen kalah cacak menang cacak ngemu teges samubarang penggaweyan luwih becik dicoba dhisik, bisa lan orane kudu tetep dicoba.

20.    Kelacak kepathak
          Unen-unen kelacak kepathak ngemu teges wong kang ora bisa mungkir jalaran wis kabukten (konangan).
21.    Kendel ngringkel, dhadhag ora godag
          Dhadhag tegese wani. Unen-unen kendel ngringkel, dhadhag ora godag ngemu teges wong kang ngaku kendel tur pinter, nanging jebule jirih tur bodho.

22.    Ketula-tula katali
          Unen-unen ketula-tula katali ngemu teges manungsa kang tansah nandang sengsara, susah, lan rekasa.

23.    Kumenthus ora pecus
          Unen-unen kumenthus ora pecus nemu teges wong kang seneng umuk utawa gumedhe, nanging ora bisa nglakoni apa kang wis diumukake.

24.    Ladak kecangklak
          Kecangklak tegese kacilakan. Unen-unen ladak kecangklak ngemu teges wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe.

25.    Maju tatu mundur ajur
       Unen-unen maju tatu mundur ajur ngemu teges manungsa kang ora duwe pilihan amarga prakara kang sarwa pakewuh.

26.    Rukun agawe santoso, crah agawe bubrah
       Unen-unen rukun agawe santoso, crah agawe bubrah ngemu teges manungsa yen padha rukun mesti padha santosa, nanging yen padha congkrah utawa padu mesti bakal bubrah lan rusak.

27.    Sabar sareh mesti bakal pikoleh
       Unen-unen sabar sareh mesti bakal pikoleh ngemu teges manungsa kang tumindak sareh lan ora grusa-grusu bakale nemu asil kang apik.

28.    Sapa sing salah bakal seleh
          Unen-unen sapa sing salah bakal seleh ngemu teges sapa sing salah bakal konangan.

29.    Sepi ing pamrih, rame ing gawe
       Unen-unen sepi ing pamrih, rame ing gawe ngemu teges wong kang nindakake panggaweyan, nanging ora melik lan ora ngarep-arep piwalesan liyan.

30.    Tulung menthung
       Unen-unen tulung menthung ngemu teges manungsa kang katone nulungi, jebule malah ngrusuhi. Manungsa kang wis ditulungi, nanging malah menehi piwales sing ora becik.
31.    Tuna sathak bathi sanak
          Sathak tegese dhuwit sithik. Unen-unen tuna sathak bathi sanak ngemu teges wong kang rugi bandha, nanging bathi paseduluran.

32.    Ulat madhep ati manteb
       Unen-unen ulat madhep ati manteb ngemu teges wong kang wis manteb banget kekarepane.

33.    Yitna yuwana lena kena
       Yitna tegese ngati-ati, yuwana tegese slamet,  lena tegese kurang ngati-ati. Unen-unen yitna yuwana lena kena ngemu teges wong sing ngati-ati bakal slamet, dene wong sing sembrana bakal cilaka.

34.    Yuwana mati lena
       Unen-unen yuwana mati lena ngemu teges wong becik oleh cilaka amarga kurang ngati-ati.

A.2. BEBASAN
Bebasan yaiku unen-unen gumathok kang ajeg panganggone, ngemu pepindhan sing nggunakake tetembungan kewan, tetuwuhan, dewa, lan piranti-piranti liyane. Tuladhane: asu rebutan balung, ula nantang gebug, bebek mungsuh mliwis, cecak nguntal cagak, lsp. Unen-unen wujud bebasan sing kulina digunakake masyarakat yaiku:
1.    Adhang-adhang tetese embun
Unen-unen adhang-adhang tetese embun ngemu teges wong kang njagakake barang mung sak anane utawa sak oleh-olehe.

2.    Aji godhong garing
Unen-unen aji godhong garing ngemu teges manungsa sing wis ora ana ajine utawa asor banget. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasane banjur ora diajeni dening masarakat saubenge. Saking ora ana ajine prasasat aji godhong garing.

3.    Ana gula ana semut
Unen-unen ana gula ana semut ngemu teges panggonan sing akeh rejekine mesti akeh sing nekani.



4.    Anggenthong umos
Umos tegese rembes utawa bocor. Unen-unen anggenthong umos ngemu teges wong sing ora bisa nyimpen wewadi utawa rahasia.

5.     Angon mangsa
Unen-unen angon mangsa ngemu teges wong sing nggolek wektu kang becik kanggo nindakake panggaweyan.

6.    Arep jamure emoh watange
Unen-unen arep jamure emoh watange ngemu teges wong sing gelem ngrasakake kepenak, nanging ora gelem rekasa.

7.    Asu rebutan balung
Unen-unen asu rebutan balung ngemu teges manungsa kang rebutan barang sepele.

8.    Asu belang kalung wang
Unen-unen asu belang kalung wang ngemu teges wong asor nanging sugih.

9.    Asu gedhe menang kerahe
Unen-unen asu gedhe menang kerahe ngemu teges wong kang dhuwur pangkate mesti bae luwih gedhe panguwasane.

10.    Asu marani gebug
Unen-unen asu marani gebug ngemu teges wong kang marani marang bebaya.

11.    Baladewa ilang gapite
Unen-unen baladewa ilang gapite ngemu teges wong kang ilang kaluhurane lan kekuwatane. Baladewa iku wayang sing gagah pideksa, nanging wayang yen ilang gapite ora bisa dienggo dening dhalang. Gapit iku kayu utawa lulang sing kanggo njepit wayang supaya bisa ditancepke ing debog lan bisa jejeg.

12.    Banyu pinerang ora bakal pedhot
Unen-unen banyu pinerang ora bakal pedhot ngemu teges pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane.

13.    Bathok bolu isi madu
Unen-unen bathok bolu isi madu ngemu teges wong asor nanging sugih kapinteran.

14.    Belo melu seton
 Seton tegese malem minggu. Unen-unen belo melu seton ngemu teges wong kang bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake.

15.    Bubuk oleh leng
 Bubuk tegese kewan sing mangan kayu. Unen-unen bubuk oleh leng ngemu teges wong sing duwe niyat ala malah oleh dalan.

16.    Bebek mungsuh mliwis
Unen-unen bebek mungsuh mliwis ngemu teges wong pinter mungsuh padha wong pinter.

17.    Beras wutah arang bali menyang takere
Unen-unen beras wutah arang bali menyang takere ngemu teges barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.

18.    Cathok gawel
Cathok tegese timangan sabuk. Unen-unen cathok gawel ngemu teges wong sing ora diajak rembugan, nanging melu-melu ngrembug. Manungsa kang seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.

19.    Carang canthel
Carang tegese pang pring. Unen-unen carang canthel tegese padha karo unen-unen cathok gawel. Carang canthel ngemu teges wong sing ora diajak rembugan, nanging melu-melu ngrembug. Manungsa kang seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.

20.    Cebol nggayuh lintang
Unen-unen cebol nggayuh lintang ngemu teges wong sing duwe kekarepan sing mokal bisa klakon.

21.    Cecak nguntal cagak
Unen-unen cecak nguntal cagak ngemu teges gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.

22.    Cedhak kebo gupak
Unen-unen cedhak kebo gupak ngemu teges cedhak karo wong kang sipate ala bakal katut ala. Manungsa kudu bisa wicaksana anggone kekancan. Kekancan karo wong sing kelakuane ala bakal katut ala.

23.    Cedhak celeng boloten
Boloten tegese gupak endhut utawa tilas linet. Unen-unen cedhak celeng boloten tegese padha karo unen-unen cedhak kebo gupak. Cedhak celeng boloten ngemu teges cedhak karo wong kang sipate ala bakal katut ala. Manungsa kudu bisa wicaksana anggone kekancan. Kekancan karo wong sing kelakuane ala bakal katut ala.

24.    Ciri wanci lelai ginawa mati
Unen-unen ciri wanci lelai ginawa mati ngemu teges pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.

25.    Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiya suket emoh nyenggut
Unen-unen ing dhuwur ngemu teges wong sing wis ora gelem nyanak utawa sapa aruh marang liyan.

26.    Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
Unen-unen dhemit ora ndulit, setan ora doyan ngemu teges wong sing muji tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngrusuhi.

27.    Desa mawa cara negara mawa tata
Unen-unen desa mawa cara negara mawa tata ngemu teges saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.

28.    Dom sumuruping banyu
Unen-unen dom sumuruping banyu ngemu teges laku samar utawa meneng-menengan kanggo meruhi wewadi.

29.    Dudutan lan aculan
Dudutan tegese tali, anculan tegese memeden sawah. Unen-unen dudutan lan aculan ngemu teges wong sing padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.

30.    Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
       Dhandhang tegese gagak. Unen-unen dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang ngemu teges tumindak ala diunekake becik, nanging tumindak becik diunekake ala.

31.    Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat
       Didhadunga tegese ditaleni. Unen-unen didhadunga medhot, dipalangana mlumpat nemu teges wong kang kenceng karepe lan ora kena dipenggak maneh.
32.    Durung ilang pupak lempuyange
       Unen-unen durung ilang pupak lempuyange ngemu teges wong sing isih dianggep bocah cilik tur durung ngerti apa-apa.

33.    Emprit abuntut bedhug
       Unen-unen emprit abuntut bedhug ngemu teges prakara sing sepele dadi gedhe.

34.    Enggon welut didoli udhet
       Unen-unen enggon welut didoli udhet ngemu teges panggone wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa.

35.    Entek jarake
       Unen-unen entek jarake ngemu teges wong sing wis kentekan kasugihane.

36.    Esuk dhele sore tempe
       Unen-unen esuk dhele sore tempe ngemu teges wong sing omongane ora bisa diugemi (mencla-mencle).

37.    Gagak nganggo lare merak
       Unen-unen gagak nganggo lare merak ngemu teges wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).

38.    Gajah alingan suket teki
       Alingan tegese amping-amping. Unen-unen gajah alingan suket teki ngemu teges wong sing lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.

39.    (ng) Gajah elar
       Unen-unen nggajah elar ngemu teges wong sing sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.

40.    Gajah ngidak rapah
       Rapah tegese godhong garing. Unen-unen gajah ngidak rapah ngemu teges wong sing nrajang marang wewalere dhewe.

41.    Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah
       Unen-unen gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah ngemu teges wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik dadi korban.
 
42.    Iwak lumebu wuwu
       Wuwu tegese piranti kanggo nggolek iwak. Unen-unen iwak lumebu wuwu ngemu teges wong sing kena apus kanthi gampang.

43.    Jati ketlusupan ruyung
       Unen-unen jati ketlusupan ruyung ngemu teges wong sing kumpul karo wong becik klebon wong ala.

44.    Jaran kerubuhan empyak
     Unen-unen jaran kerubuhan empyak ngemu teges wong sing wis kanji (kapok) banget.

45.    Jarit lawas ing sampiran
     Unen- unen jarit lawas ing sampiran ngemu teges wong sing duwe kapinteran nanging ora digunakake.

46.    Kacang ora ninggal lanjaran
       Unen-unen kacang ora ninggal lanjaran ngemu teges pakulinane anak iku niru wong tuwane.

47.    Kadang konang
       Konang tegese kewan sing kelap-kelip wayah wengi. Unen-unen kadang konang ngemu teges wong sing gelem ngakoni sedulur mung karo wong sing sugih.

48.    Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega
       Unen-unen kandhang langit, bantal ombak, kemul mega ngemu teges wong sing ora duwe papan panggonan.

49.    Katepang ngrangsang gunung
       Katepang tegese bangsane krokot. Unen-unen katepang ngrangsang gunung ngemu teges kagegedhen panjangka utawa karep kang mokal bisa kelakon.

50.    Katon kaya cempaka sawakul
       Cempaka tegese emas. Unen-unen katon kaya cempaka sawakul ngemu teges wong kang tansah disenengi wong akeh.

51.    Kaya banyu karo lenga
       Unen-unen kaya banyu karo lenga ngemu teges wong kang ora bisa rukun.


52.    Kakehan gludhug kurang udan
       Unen-unen kakehan gludhug kurang udan ngemu teges wong kang akeh omonge, nanging ora ana nyatane.

53.    Kebanjiran segara madu
       Unen-unen kebanjiran segara madu ngemu teges wong kang nemu kabegjan gedhe banget.

54.    Kebo bule mati setra
       Setra tegese tegalan utawa papan panggonan. Unen-unen kebo bule mati setra ngemu teges wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake.

55.    Kebo ilang tombok kandhang
       Tombok tegese nambahi. Unen-unen kebo ilang tombok kandhang ngemu teges wong sing kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan.

56.    Kebo kabotan sungu
       Unen-unen kebo kabotan sungu ngemu teges wong sing uripe rekasa amarga kakehan anak.

57.    Kebo lumumpat ing palang
       Unen-unen kebo lumumpat ing palang ngemu teges ngadili prakara ora nganggo waton.

58.    Kebo mulih menyang kandhange
       Unen-unen kebo mulih menyang kandhange ngemu teges wong sing lunga adoh bali menyang omahe dhewe.

59.    Kebo nusu gudel
       Unen-unen kebo nusu gudel ngemu teges wong tuwa njaluk warah marang wong enom.

60.    Kegedhen empyak kurang cagak
       Empyak tegese payon. Unen-unen kegedhen empyak kurang cagak ngemu teges wong kang duwe kekarepan gedhe nanging kurang sembada.

61.    Kencana katon wingka
       Kencana tegese emas, wingka tegese pecahan gendheng. Unen-unen kencana katon wingka ngemu teges wong bsing tumindak apik nanging ora disenengi.
62.    Kethek saranggon
       Saranggon tegese gubug ing dhuwur. Unen-unen kethek saranggon ngemu teges wong kang kumpul karo sing tumindaka ala.

63.    Klenthing wadhah masin
       Unen-unen klenthing wadhah masin ngemu teges wong sing angel ngilangake tumindak ala.

64.    Krokot ing galeng
       Unen-unen krokot ing galeng ngemu teges wong kang mlarat banget.

65.    Kriwikan dadi grojogan
       Unen-unen kriwikan dadi grojogan ngemu teges prakara sing maune cilik dadi gedhe.

66.    Kurung munggah lumbung
       Kurung munggah lumbung ngemu teges wong asor utawa cilik sing didadekake wong gedhe.

67.    Kuthuk nggendhong kemiri
       Unen-unen kuthuk nggendhong kemiri ngemu teges wong kang mangago sarwa apik utawa aji liwat dalan kang mbebayani.

68.    Kutuk marani sunduk, ula nantang gebug
       Unen-unen kutuk marani sunduk, ula nantang gebug ngemu teges wong kang njarag marani bebaya.

69.    Kuncung nganti tumekan gelung
       Unen-unen kuncung nganti tumekan gelung ngemu teges suwe banget anggone ngenteni.

70.    Lahang karoban manis
       Lahang tegese legen. Unen-unen Lahang karoban manis ngemu teges wong kang rupane bagus utawa ayu tur luhur budine.

71.    Lambe satumang kari semerang
       Satumang tegese lambene pawon. Unen-unen lambe satumang kari semerang ngemu teges wong sing dituturi bola-bali meksa ora nggugu.


72.    Ora ana banyu mili mendhuwur
       Unen-unen ora ana banyu mili mendhuwur ngemu teges watege anak biasane niru wong tuwane.

73.    Ora ana kukus tanpa geni
       Unen-unen ora ana kukus tanpa geni ngemu teges ora ana akibat tanpa sebab.

74.    Palang mangan tandur
       Palang tegese pager. Unen-unen palang mangan tandur ngemu teges wong sing diwenehi kapercayan utawa kapitayan nanging malah gawe kapitunan.

75.    Pandengan karo srengenge
       Unen-unen pandengan karo srengenge ngemu teges memungsuhan karo penguwasa.

76.    Pitik trondhol diumbar ing padaringan
       Padaringan tegese wadhah beras. Unen-unen pitik trondhol diumbar ing padaringan ngemu teges wong ala kang dipasrahi barang aji, wekasane malah ngentek-enteki.

77.    Rindhik asu digitik
       Rindhik tegese alon. Unen-unen rindhik asu digitik ngemu teges dikongkon nindakake penggaweyan sing cocok karo kekarepane.

78.    Sembur-sembur adus, siram-siram bayem
       Unen-unen sembur-sembur adus, siram-siram bayem ngemu teges bisa kaleksanan amarga oleh pandongane wong akeh.

79.    Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh
       Unen-unen sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh ngemu teges wong kang kumudu-kudu dijaluki warah utawa piwulang.

80.    Tebu tuwuh socane
       Unen-unen tebu tuwuh socane ngemu teges prakara kang wis apik dadi bubrah amarga ana sing ngrusuhi.

81.    Timun jinara
       Unen-unen timun jinara ngemu teges prakara gampang banget.


82.    Timun mungsuh duren
       Unen-unen timun mungsuh duren ngemu teges wong cilik mungsuh panguwasa mesthi kalahe.

83.    Timun wungkuk jaga imbuh
       Unen-unen timun wungkuk jaga imbuh ngemu teges wong bodho kanggone mung yen kekurangan bae.

84.    Tumbak cucukan
       Unen-unen tumbak cucukan ngemu teges wong sing seneng adu-adu.

85.    Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
       Mrajak tegese thukul subur. Unen-unen tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati ngemu teges prakara ala ngambra-ambra, dene prakara becik kari sethithik.

86.    Ungak-ungak pager arang
       Unen-unen ungak-ungak pager arang ngemu teges wong sing ngisin-isini.

87.    Yuyu rumpung mbarong ronge
       Unen-unen yuyu rumpung mbarong ronge ngemu teges omahe magrong-magrong nenging sejatine mlarat.

A.3. SALOKA
Saloka yaiku unen-unen kang ngemu teges pepindhan, tembung pepindhane tumrap manungsa. Tuladhane: anak polah bapa kepradah, dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan, lsp. Unen-unen wujud saloka sing kulina digunakake masyarakat yaiku:
1.    Anak polah bapa kepradah
       Kepradhah tegese nanggungjawab. Unen-unen anak polah bapa kepradhah ngemu teges tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.

2.    Ana daulate ora ana begjane
       Unen-unen ana daulate ora ana begjane ngemu teges wong kang arep nemu kabegjan, nanging ora sida.

3.    Angon ulat ngumbar tangan
Unen-unen angon ulat ngumbar tangan ngemu teges wong sing seneng ngulatake utawa ndeleng kahanan kanthi nglimpe, banjur barang sing ulatake dicolong.
4.    Ati bengkong oleh oncong
Unen-unen ati bengkong oleg oncong ngemu teges wong sing duwe niyat ala malah oleh cara tumindak ala sing gampang.

5.    Bathang lelaku
Unen-unen bathang lelaku ngemu teges lelungan ijen ngliwati panggonan sing mbebayani.

6.    Blaba wuda
Blaba tegese loman. Unen-unen blaba wuda ngemu teges wong sing loma banget nanging bawake dhewe malah ora keduman.

7.    Car-cor kaya kurang janganan
Unen-unen car-cor kaya kurang janganan ngemu teges ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.

8.    Cincing-cincing meksa klebus
Unen-unen cincing-cincing meksa klebus ngemu teges karepe ngirit nanging malah entek akeh.

9.    Criwis cawis
Unen-unen criwis cawis ngemu teges wong sing seneng maido naning seneng menehi utawa muruki. Criwis cawis uga kena ditegesi wong sing tansah mbantah prentah nanging sumadya nindakake.

10.    (n) Jagakake endhoge si blorok
       Unen-unen njagakake endhoge si blorok ngemu teges njagakake barang kang durung mesti ana lan orane.

11.    Golek banyu bening
       Unen-unen golek banyu bening ngemu teges meguru golek kawruh sing becik.

12.    Gupak pulute ora mangan nangkane
       Unen-unen gupak pulute ora mangan nangkane ngemu teges melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.

13.    Kajugrugan gunung menyan
       Unen-unen kajugrugan gunung menyan ngemu teges wong kang oleh kabegjan gedhe banget.

14.    Kekudhung walulang macan
       Unen-unen kekudhung walulang macan ngemu teges wong kang ngapusi kanthi nggawe jenenge wong kang diwedeni.

15.    Kena iwake aja nganti butheg banyune
       Unen-unen kene iwake aja nganti butheg banyune ngemu teges sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti gawe rusak.

16.    Lanang kemangi
       Unen-unen lanang kemangi ngemu teges wong lanang sing jirih.

17.     Lumpuh ngideri jagad
       Lumpuh tegese wis ora bisa mlaku. Unen-unen lumpuh ngideri jagad ngemu teges wong sing duwe kekarepan kang mokal keturutan.

18.    Meneng widara uleran
       Widara yaiku jinise wit. Unen-unen meneng widara uleran ngemu teges wong sing katone anteng, nanging sejatine ala atine

19.    Rebut balung tanpa isi
       Unen-unen rebut balung tanpa isi ngemu teges pasulayan merga barang sing sepele.

20.    Wis kebak sundukane
       Unen-unen wis kebak sundukane ngemu teges wong kang wis akeh dosane utawa kaluputane.

21.    Dahwen ati open
Dahwen tegese seneng nacad. Unen-unen dahwen ati open ngemu teges wong sing seneng nacad nanging mbenerake wong liya.

22.    Diwenehi ati ngrogoh rempela
Unen-unen diwenehi ati ngrogoh rempela ngemu teges wis diwenehi sithik, malah njaluk sing akeh.

23.    Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
       Unen-unen dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan ngemu teges senajan wong liya, yen nemoni rekasa bakal dibelani.


24.    Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga
       Duka tegese nesu. Unen-unen duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga ngemu teges wong kang nesu banget.

25.    Endhas gundhul dikepeti
       Unen-unen endhas gundhul dikepeti ngemu teges wong sing wis urip kepenak ditambahi luwih kepenak maneh.

26.    Endhas pethak ketiban empyak
       Pethak tegese buthak sethithik. Unen-unen endhas pethak ketiban empyak ngemu teges wong kang bola-bali nemu cilaka.

27.    Entek amek kurang golek
       Amek tegese njupuk. Unen-unen entek amek kurang golek ngemu teges wong sing nguneni utawa nyeneni nganti sakatoge.

28.    Garang garing
       Garang tegese katon gagah. Unen-unen garang garing ngemu teges wong semugih nanging sejatine kekurangan.

29.    Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput
       Tuna tegese rugi. Unen-unen gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput nemu teges samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.

30.    Golek-golek ketemu wong luru-luru
       Unen-unen golek-golek ketemu wong luru-luru ngemu teges karepe arep golek utangan malah diutangi (dijaluki utang).

31.    Idu didilat maneh
       Unen-unen idu didilat maneh ngemu teges wong sing murungake janji sing wis diucapake.

32.    (n) Jajah desa milang kori
       Milang tegese ngetung. Unen-unen njajah desa milang kori ngemu teges wong sing lelungan menyang endi-endi.

33.    (n) Jujul muwul
     Jujul tegese nyusuki. Unen- unen njujul muwul ngemu teges perkara kang nambah-nanbahi rekasa.

34.    (n) Junjung ngentebake
     Ngtentebake tegese ngebrukake. Unen- unen njunjung ngentebake ngemu teges ngalembana nanging duwe niyat ngasorake.

35.    Kebat kliwat, gancang pincang
       Kebat tegese rikat utawa cepet, gancang tegese gelis. Unen-unen kebat kliwat, gancang pincang ngemu teges wong kang tumindak grusa-grusu mesthi ora kebeneran.

36.    Kenes ora ethes
       Ethes tegese pinter ngomong. Unen-unen kenes ora ethes ngemu teges wong sing gumedhe amarga kasugihane nanging bodho.

37.    Keplok ora tombok
       Unen-unen keplok ora tombok ngemu teges wong kang senengane maido rasan, nanging ora gelem melu cawe-cawe.

38.    Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang
              Unen-unen kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang ngemu teges wong sing ora duwe panggonan

39.    Legan golek momongan
       Unen-unen golek momongan ngemu teges wong sing wis kepenak malah golek rekasa.

40.    Matang tuna numbak luput
       Matang tegese nyogrok. Unen-unen matang tuna numbak luput ngemu teges wong sing tansah luput kabeh panggayuhane.

41.     Mbuwang tilas
       Unen-unen mbuwang tilas ngemu teges manungsa kang ethok-ethok ora ngerti marang tumindak ala kang dilakoni.

42.    Mikul dhuwur mendhem jero
       Unen-unen mikul dhuwur mendhem jero ngemu teges wong kang bisa njunjung drajate wong tuwa.

 43.    (m) Buru uceng kelangan dheleg
Uceng tegese iwak kutuk. Unen-unen mburu uceng kelangan dheleg ngemu teges mburu barang sepele malah kelangan barang kang luwih gedhe. Wong sing kepingin antuk sing luwih aji malah kelangan apa sing wis diduweni.

44.    Nabok nyilih tangan
       Unen-unen nabok nyilih tangan ngemu teges wong kang tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.

45.    Nyangoni kawula minggat
       Unen-unen nyangoni kawula minggat ngemu teges ndandani barang kang tansah rusak.

46.    Nyolong pethek
       Pethek tegese bedhek. Unen-unen  nyolong pethek ngemu teges wong kang tansah mleset saka pametheke utawa pambatange.

47.    Obah ngarep kobet buri
       Unen-unen obah ngarep kobet buri ngemu teges tumindake panggedhe dadi panutane kawula alit.

48.    Ora tembung ora tawung
       Tawung tegese aruh-aruh. Unen-unen ora tembung ora tawung ngemu teges wong sing njupuk barane liyan tanpa kandha dhisik.

49.    Ora uwur ora sembur
       Unen-unen ora uwur ora sembur ngemu teges wong sing ora gelem cawe-cawe babar pisan.

50.    Othak-athik didudut angel
       Unen-unen othak-athik didudut angel ngemu teges guneme sajak kepenak, bareng ditenani jebule angel.

51.    Pupur sadurunge benjut
       Unen-unen pupur sadurunge benjut ngemu teges ngati-ati mumpung durung cilaka.

52.    Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
       Unen-unen rawe-rawe rantas, malang malang putung ngemu teges samubarang kang ngalang-ngalangi bakal disingkirake.
53.    Sadumuk bathuk sanyari bumi
       Unen-unen sadumuk bathuk sanyari bumi ngemu teges pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.

54.    Satru munging cangklakan
       Satru tegese mungsuhan. Unen-unen satru mungging cangklakan ngemu teges mungsuh wong sing isih sanak sedulur.

55.    Sadhakep awe-awe
       Unen-unen sadhakep awe-awe ngemu teges wong sing wis ninggalake tumindak ala, nanging sajroning batin isih kepingin nglakoni maneh.

56.    Sluman-slumun slamet
       Unen-unen sluman-slumun slamet ngemu teges wong sing kurang ngati-ati, nanging isih slamet.

57.    Tega larane ora tega patine
       Unen-unen tega larane ora tega patine ngemu teges senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.

58.    Tinggal glanggang colong playu
       Unen-unen tinggal glanggang colong playu ngemu teges wong kang ninggalake papan pasulayan.

59.    Kerot ora duwe untu
       Unen-unen kerot ora duwe untu ngemu teges wong sing duwe kekarepan, nanging ora duwe bandha utawa wragat.

60.    Kongsi jambul wanen
       Kongsi tegese nganti. Unen-unen kongsi jambul wanen ngemu teges wong sing uripe nganti tumekan tuwa banget.

61.    Kere munggah bale
       Unen-unen kere munggah bale ngemu teges wong mlarat dadi wong sugih amarga digarwa karo wong sugih.

62.    Kere nemoni malem
       Unen-unen kere nemoni malem ngemu teges wong kang tumindak srakah utawa bedhigasan.

63.    Kerubuhan gunung
       Unen-unen kerubuhan gunung ngemu teges wong nemoni kesusahan kang gedhe banget.

64.    Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang
       Unen-unen kesandhung ing rata, kebentus ing tawang ngemu teges wong nemoni cilaka sing ora dinyana-nyana.

65.    Menthung koja kena sembagine
       Koja tegese pedagang, sembagi tegese kain klambi. Unen-unen menthung koja kena sembagine ngemu teges wong sing ngapusi, nanging malah apus.

66.    Milih-milih tebu oleh boleng
       Unen-unen milih-mlilih tebu oleh boleng ngemu teges wong sing kakehan milih, bakale oleh kang ora becik.

67.    Mrojol selaning garu
       Unen-unen mrojol selaning garu ngemu teges wong sing luput saka bebaya.

68.    Mubra-mubru mblabar madu
       Mubra-mubru tegese sarwa kecukupan. Unen-unen mubra-mubru mblabar madu ngemu teges wong sing sarwa kecukupan.

69.    Ngagar metu kawul
       Ngagar tegese nggawe geni. Unen-unen ngagar metu kawul ngemu teges wong sing ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan.

70.    Ngajari bebek nglangi
       Unen-unen ngajari bebek nglangi ngemu teges penggaweyan sing ora ana paedahe.

71.    Ngalasake negara
       Unen-unen ngalasake negara ngemu teges wong sing ora manut karo pranatane negara.

72.    Ngalem legining gula
       Unen-unen ngalem legining gula ngemu teges wong sing ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter.


73.    Ngaturake kidang lumayu
       Unen-unen ngaturake kidang lumayu ngemu teges ngaturake barang kang wis ora ana.

74.    Nglungguhi klasa gumelar
       Unen-unen nglungguhi klasa gumelar ngemu teges nindakake panggaweyan kang wis tumata.

75.    Nguyahi segara
       Unen-unen nguyahi segara ngemu teges nindakake penggaweyan kang siya-siya.

76.    Nucuk ngiberake
       Unen-unen nucuk ngiberake ngemu teges wong sing wis disuguhi mangan, mulih isih mbrekat.

77.    Nututi layangan pedhot
       Unen-unen nututi layangan pedhot ngemu teges nggoleki barang sepele sing wis ilang.

78.    Ora mambu enthong irus
       Unen-unen ora mambu enthong irus ngemu teges dudu sanak dudu kadang.

79.    Ora kinang ora udut
       Unen-unen ora kinang ora udut ngemu teges wong sing ora mangan apa-apa.

80.    Ucul saka kudangan
       Unen-unen ucul saka kudangan ngemu teges wong kang luput karo gegayuhane.

81.    Undhaking pawarta, sudaning kiriman
       Unen-unen undhaking pawarta, sudaning kiriman nemu teges biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.

A.4. ISBAT
Isbat yaiku unen-unen kang ngemu teges pepindhan babagan ngelmu gaib, kebatinan, lan kasampurnaning pati. Tuladhane: ngangsu apikulan warih, golekana galihing kangkung, kodok ngemuli lenge, lsp. Unen-unen wujud isbat sing kulina digunakake masyarakat yaiku:

1.    Kodhok nemuli lenge
       Unen-unen kodhok ngemuli lenge ngemu teges jiwane manungsa kudu bisa mangreh ragane supaya ing tembe bisa mati sampurna.

2.    Ngangsu apikulan warih
       Unen-unen ngangsu apikulan warih ngemu teges wong sing maguru ngelmu gaib wis mawa dhedhasar wis kulina ngengurangi lan ora banget-banget olehe mangeran marang kadonyan.

3.    Amet geni adedamar
       Unen-unen amet geni adedamar ngemu teges padha karo ngangsu apikulan warih yaiku wong sing maguru ngelmu gaib wis mawa dhedhasar kulina ngengurangi lan ora banget-banget olehe mangeran marang kadonyan.

4.    Golekana galihing kangkung
       Kangkung pepindhane raga, galih pepindhane jiwa. Satemene kangkung iku tanpa galih. Unen-unen golekana galihing kangkung ngemu teges wong sing ngudi murih jiwane bisa kuwat lan bisa ngalahake hawa napsune.

5.    Apa isine wuluh wungwang?
       Wuluh wungwang tegese bumbung wungwang utawa bumbung kang bolong kiwa tengen, iku pepindhane ragane manungsa. Unen-unen apa isine wuluh wungwang ngemu teges sajroning badan wadhag yaiku badan alus, sukma, lan jiwa.

6.    Golekana tapake kuntul nglajang
            Unen-unen golekana tapake kuntul nglajang ngemu teges ngudiya murih ngerti marang keplasing jiwa.


B.       UNEN-UNEN KANGO MULANG MURUK ANAK
1.    Sing temen bakal tinemu
2.    Sing bener bakal pener
3.    Sing wani bakal dadi
4.    Sing jujur bakal mujur
5.    Sing umuk bakal keblusuk
6.    Ngelmu iku kelakone kanthi laku
7.    Tumindak ala lan becik iku kanggo awake dhewe
8.    Aja kuminter mundhak keblinger
9.    Becik ketitik, ala ketara
10.    Sapa sing salah bakal seleh
11.    Ngundhuh wohing pakarti
12.    Ajining dhiri gumantung kedaling lathi
13.    Ajining salira saka busana
14.    Wani ngalah luhur wekasane
15.    Sing medhit bakal kejepit
16.    Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
17.    Disengkuyung supaya enggal rampung
18.    Aja sok rumangsa bisa, nanging bisaa ngrumangsani

C.       PAEDAHE UNEN-UNEN JAWA
       KEMANDIRIAN (INDIVIDUALITAS)
1. Sing temen bakal tinemu
2. Sing bener bakal pener
3. Sing wani bakal dadi
4. Sing jujur bakal mujur
5. Sing umuk bakal keblusuk
6. Waton okol bakal konyol
7. Ngelmu iku kelakone kanthi laku
8. Jenang iku wohing geneng, jeneng, lan jumeneng
9. Tumindak ala lan becik iku kanggo awake dhewe
10. Aja kuminter mundhak keblinger

HUBUNGAN HORISONTAL (SOSIALITAS)
1. Becik ketitik, ala ketara.
2. Sapa sing salah bakal seleh.
3. Ngundhuh wohing pakarti.
4. Ajining dhiri gumantung kedaling lathi.
5. Ajining salira saka busana.
6. Wewaraha sawise weruh.
7. Kakehan gludhug kurang udan.
8. Wani ngalah luhur wekasane
9. Sing medhit bakal kejepit.
10. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
11. Disengkuyung supaya enggal rampung.
12. Aja sok rumangsa bisa, nanging bisaa ngrumangsani

MORALITAS / RELIGIUSITAS.
1. Esthining panembah iku sayekti amung Allah.
2. Agama iku ageming aji.
3. Sapa sing kinasih bakal kepilih.
4. Weninging pikir amarga zikir.
5. Manembaha kanthi tulus, supaya lulus.
6. Berkah iku wohing panembah.
7. Pambukaning ati khusyuk iku tawadhuk.
8. Yen kepingin lega pasraha marang Kang Maha Kuasa.
9. Isina ing pakarti ala kareben ora ngisin-isini.
10. Donga iku jiwaning agama.
11. Ikhtiyar iku kudu linambaran sadhar lan sabar.

D.      SEPULUH FILSAFAT JAWA
1.        Urip iku urup
2.        Memayu hayuning bawana, ambrastha dur hangkara
3.        Sura dira jaya jayaningrat, lebur dening pangastuti
4.        Aja adigang, adigung, adiguna
5.        Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan
6.        Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka
7.        Yen wani aja wedi-wedi, yen wedi aja wani-wani
8.        Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman
9.        Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan
10.    Urip tansah narima ing pandum

KAPUSTAKAN

Thomas Wiyasa Bratawijaya. 1997. Mengungkap dan Mengenal Budaya Jawa.  Jakarta:  
           Pradnya Paramita.

James  Danandjaja.  1991.  Pentingnya   Penelitian   Folklor  Jawa   Bagi  Pembangunan
           Kebudayaan  Nasional. Makalah   disajikan   dalam   Kongres   Bahasa   Jawa   I.
           Semarang, 15-20 Juli.

--------------------. 1994. Folklor Indonesia Ilmu Gosip, Dongeng, dan Lain-lain.  Jakarta:
           Grafiti Press.

Wisnu  Minsarwati.  2002.  Mitos  Merapi  dan  Kearifan  Ekologi.  Yogyakarta:  Kreasi
           Wacana.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar