PRAWACANA
Puji
syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Asih, awit saking sih pitulungan saha
kanugrahan ingkang sampun kaparingaken, blog Griya Basa lan Sastra Jawi punika
saged karampungaken.
Blog punika dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan ing jaman sapunika,
supados pamaos mliginipun generasi mudha wonten krenteg sinau lumantar blog
ingkang ngemu piwulang adiluhung. Awit saking punika, pangripta mbudidaya murih
blog ingkang kaanggit gampil dipunsinau lan gampil dipunmangertosi
Pungkasing
atur, kula nglenggana bilih blog punika taksih wonten kirangipun. Pramila,
murih sampurnaning blog punika sadaya panacad lan panyaruwe saking para pamaos
kula tampi kanthi renaning penggalih. Nuwun.
Kudus, 22 Agustus 2016
Yanuar Bayu Isnaeni, S.Pd, M.Pd.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar