Materi




1.      Crita Cekak
                  Crita cekak yaiku wacan sing klebu cerita narasi lan isine nyritakake prastawa sing dialami dialami paraga kanthi urutan wektu tinamtu. Titikane crita cekak yaiku ana kedadeyan, ana paraga, ana isi crita, lan ana wektu kadadeyan. 
2.      Unsur Intrinsik Cerkak
Unsur-unsur intrinsik cerkak yaiku:
1.      Tema, yaiku sari pati crita sing diandharake utawa dicritakake.
2.      Paraga, yaiku wong sing maragani crita.
Paraga kaperang dadi 3, yaiku paraga utama (protagonis), paraga mungsuh (antagonis), lan paraga tambahan (tritagonis).
3.      Wateg, yaiku karakter utawa sikep saben paraga sajroning crita.
4.      Alur, yaiku lakuning crita utawa urut-urutane crita.
Alur kaperang dadi 3, yaiku :
-      Alur maju (Progresif), yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki nganti sateruse.
-         Alur mundur (Regresif), yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur.
-          Alur campuran.
5.     Latar, yaiku perangan sing nerangake papan utawa wektu, kelakone kadadeyan ing crita iku.
6.     Sudut Pandang, yaiku kalungguhane pangripta sajroning crita.
7.    Gaya Bahasa (lelewaning basa), yaiku basa sing digunakake pangripta ing sajeroning crita, supaya crita iku katon endah.
8.    Amanat, yaiku pesen sing arep diaturake dening pangripta marang pamaos, utawi pesen sing sinandhi sajroning crita.
 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar