Tradisi Ampyang
Ampyang Maulid inggih punika
salah sawijining pahargyan ing Kabupaten Kudus
ingkang dipun tumindhakaken dening bebrayan agung Desa Loram Kulon kangge
mengeti miyosipun Nabi Muhammad SAW utawi maulid Nabi Muhammad SAW. Ampyang
maulid dados salah satunggaling budaya ingkang dipunuri-uri ngantos samangke
lan dipunpengeti saben tanggal 12 Robi’ul Awwal. Para peserta pahargyan punika mushola-mushola wonten ing dukuh ingkang mapan wonten ing Loram Kulon. Ngantos samangke
tradisi pahargyan punika langkung ngrembaka
saengga para peserta langkung nambah, wiwit saking madrasah-madrasah ugi
organisasi sarta lembaga-lembaga sakubenganipun Loram Kulon.
Ampyang maulid punika
saking 2 tembung, inggih Ampyang lan Maulid. Miturut sesepuh Desa Loram Kulon,
Ampyang punika jenis krupuk saking glepung, awujud bunder lan warna-warni. Dene
tembung maulid punika saking basa Arab ingkang ateges miyosan. Pramila, tembung
ampyang menawi dipun gathukake kaliyan tembung maulid dados Ampyang Maulid
ingkang ateges panganan ingkang dipun tata ing sawijining wadah kanthi mbedani
(unik) lan dipunusung dening para warga kangge mengeti miyosipun Nabi Muhammad
SAW wonten Masjid Wali Loram Kulon.
Dene dening warga Desa Loram Kulon wonten wekdal
punika krupuk punika dipun dadosaken hiasan sawijining panggenan panganan
ingkang awujud persegi papat ingkang dipun damel saking pring, kayu kanthi
wujud bentuk miniature Masjid, Musholla, Omah adat lan sanes-sanesipun ingkang
sisih pojok dipun paring hiasan spesifik utawi khas kembang “Jambul” inggih
pring ingkang dipun serut ngantos mlungker-mlungker lajeng dipun paring werna
ingkang endah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar